TEMBANG JAWA

TEMBANG JAWA

Tembang Jawa tegese reripatan kanthi paugeran tartantu kang pamacane kudu dilagoake, lan bias diiringi wiramaning gendhing. Gendhing yaiku swara lelagoning gamelan.
Tembang jawa ana 3 warna, yaiku:
A.    Tembang Gedhe
Tembang Gedhe iku sapada ana patang gatra, utawa patang pada pala. Cacahing wanda pada pala siji lan sijine padha. Lire, yen pada pala kapisan 7 wanda, pada pala kapindho, ketelu lan kang kaping papat uga mitung wanda. Cacahing wanda saben sapada pala iku diarani laku.
a.   Tandha-tandhane tembang gedhe:
1.   Basane isih nganggo basa kawi (jawa kuna) sing angel dimangerteni kekarepane.
2.   Mung kedadean saka 4 larik, diarani sapada pala.
3.   Larikane tembang gedhe diarani pada dirga.
4.   Cacahing wanda larik padha bae.
5.   Ora migunakake guru lagu lan dhong dhing.
b.   Gunane tembang gedhe:
1.   Kanggo ngarang kapustakan jawi.
2.   Kanggo suluk ing pedhalangan.
3.   Kanggo mbawani gendhing.
c.    Tuladhane tembang gedhe:
1.   Pamularsih
2.   Rukmawati
3.   Gandha Kusuma
4.   Citra Kusuma
5.   Citamengeng
6.   Kusumastuti
7.   Mintajiwa
8.   Retnamulya
9.   Puskara

B.     Tembang Tengahan
Tembang Tengahan iku kaiket ing guru wilangan lan guru lagu utawa dhong-dhing. Tembang Tengahan iku duwe watak dhewe-dhewe. Ana kang awatak sereng, sengsem, resep, prihatin, gapyak, lan liya-liyane. Tembang Tengahan uga diarani tembang macapat kuna.
*   Tandha-tandhane tembang tengahan:
1.   Basane katulis basa jawa anyar.
2.   Cacahing wanda saben larik ora padha.
3.   Wewaton guru wilangan lan dhong dhing.
*   Gunane tembung tengahan:
1.   Kanggo ngarang buku kapustakan jawi.
2.   Kanggo tembang tembang dhagelan.
3.   Kanggo mbawani gendhing.
*   Tuladhane tembang tengahan:
1.   Pranasmara
2.   Palugon
3.   Kenya Kedhiri
4.   Juru Demung
5.   Kuswaraga
6.   Kuswarini
7.   Wirangrong
8.   Balabak
9.   Girisa




Watake Tembang Tengahan
Jenenge
Watake
1.      Jurudemung
2.      Wirangrong
3.      Balabak

Prenesan
Mrabawa
Sembrana parikena

C.    Tembang Macapat
Tembang Macapat iku ana 11. Tembang Macapat kaiket ing guru lagu lan guru wilangan utawa dhong-dhing, lan uga ngemu watak dhewe-dhewe.
Ø Tandha-tandhane tembang macapat:
1.   Nganggo paugeran: guru wilangan, guru lagu, dhong-dhing, guru gatra, pada utawa pupuh.
2.   Basane basa jawa anyar.
3.   Bias mandheg dhewe tanpa iringan gendhing.
Ø Gunane tembang macapat:
1.   Kanggo kasusastran jaman saiki.
2.   Kanggo mbawani gendhing.
3.   Kanggo ngarang kapustakan jawi.
4.   Kanggo lagu kethoprak lan wayang wong.
5.   Kanggo parikan lan dhagelan.
Ø Kasusastraan kang tinemu ing tembang macapat:
1.   Pada yaiku araning cacahing tembang macapat saben salagu, saka wiwitan tekan pungkasan.
2.   Guru gatra yaiku jenenge larikan ing tembang macapat, ing tembang gedhe diarani pada dirga.
3.   Guru wilangan yaiku akehing kecap (ucap) utawa suku tembung saben sagatra (baris).
4.   Guru lagu yaiku aksara urip (vokal) ing pungkasa ning gatra (baris).
Ø 11 Tembang Macapat:
1.      Mijil
Watake: Prihatin.
Guru wilangan lan guru lagu: 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u.
Guru gatra: 6.
Sasmitaning: Lair.
2.      Durma
Watake: Galak.
Guru wilangan lan guru lagu: 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i.
Guru gatra: 7
Sasmitaning: Didama-dama/digadang-gadang.

3.      Kinanthi
Watake: Asih
Guru wilangan lan guru lagu: 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i.
Guru gatra: 6
Sasmitaning: Menyang endi-endi dikanthi/diajak.
4.      Sinom
Watake: Ngresepake
Guru wilangan lan guru lagu: 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i,12a.
Guru gatra: 9
Sasmitaning: Ngancik enom.
5.      Asmaradana
Watake: Gapyak, sengsem, sedhih, prihatin.
Guru wilangan lan guru lagu: 8i, 8a, 8o, 8a, 7a, 8u, 8a.
Guru gatra: 7.
Sasmitaning: Kasmaran.

6.      Dhandhanggula
Watake: Ngresepake, luwes, manis, cocog kanggo ngandharake apa   bae.
Guru wilangan lan guru lagu: 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a.
Guru gatra:10.
Sasmitaning: Sarwa manis.
7.      Gambuh
Watake: Nggenah-nggenahake.
Guru wilangan lan guru lagu: 7u, 10u, 12i, 8u, 8o.
Guru gatra: 5
Sasmitaning: Manungsa wis sepuh.
8.      Maskumambang
Watake: Ngeres.
Guru wilangan lan guru lagu: 12i, 6a, 8i, 8a.
Guru gatra: 4
Sasmitaning: Mung satitahe.
9.      Megatruh
Watake: Nglangut.
Guru wilangan lan guru lagu: 12u, 8i, 8u, 8i, 8o.
Guru gatra: 5.
Sasmitaning: Sedo/roh sampun tilar.
10.  Pangkur
Watake: Sereng.
Guru wilangan lan guru lagu: 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.
Guru gatra: 7
Sasmitaning: Jenazahe dipangku lan di adusi.
11.  Pocung
Watake: Sembrana parikena, gecul(lucu).
Guru wilangan lan guru lagu: 12u, 6a, 8i, 12a.
Guru gatra: 4.
Sasmitaning: Di pocong banjur di kubur.
D.    Tembang Dolanan
Tembang Dolanan yaiku tembang kang dinyanyikake lan dibarengi kegiatan.
Tuladha:
·      Cublak-cublak suweng
Cublak cublak suweng
Suwenge ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong lera-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir sir pong dhelé gosong
Sir sir pong dhelé gosong
·      Lir ilir
Lir ilir, lir ilir, tanduré wus sumilir
tak ijo royo-royo tak sengguh temantèn anyar
Cah angon, cah angon, pènèkna blimbing kuwi
Lunyu lunyu yo pènèken kanggo mbasuh dodotiro
dodotiro, dodotiro, kumitir bedhah ing pinggir
Dondomana j’rumatana kanggo séba mengko soré
mumpung padhang rembulané, mumpung jembar kalangané.
yo surako surak hiyo.
·      Padhang Bulan
Yo prakanca dolanan ing njaba
Padhang mbulan padhangé kaya rina
Rembulané kang ngawé-awé
Ngélikaké aja turu soré-soré


·      Gundul Pacul
Gundhul gundhul pacul cul, gembèlengan
nyunggi nyunggi wakul kul, gembèlengan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
·      Jaranan
jaranan-jaranan… jarane jaran teji
sing numpak ndara bei
sing ngiring para mantri
jeg jeg nong..jeg jeg gung
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedher
·      Pitik Tukung

Aku duwe pitik, pitik tukung
saben dina, tak pakani jagung
petok gogok petok petok ngendhog siji
tak teteske,kabeh trondhol dhol dhol
tanpa wulu,megal-megol gol gol gawe guyu

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

PRAKTIKUM TITRASI ASAM BASA

KTT ASEAN