TEMBANG JAWA
TEMBANG JAWA
Tembang
Jawa tegese reripatan kanthi paugeran tartantu kang
pamacane kudu dilagoake, lan bias diiringi wiramaning gendhing. Gendhing yaiku
swara lelagoning gamelan.
Tembang
jawa ana 3 warna, yaiku:
A.
Tembang
Gedhe
Tembang Gedhe iku sapada
ana patang gatra, utawa patang pada pala. Cacahing wanda pada pala siji lan
sijine padha. Lire, yen pada pala kapisan 7 wanda, pada pala kapindho, ketelu
lan kang kaping papat uga mitung wanda. Cacahing wanda saben sapada pala iku
diarani laku.
a. Tandha-tandhane
tembang gedhe:
1.
Basane isih
nganggo basa kawi (jawa kuna) sing angel dimangerteni kekarepane.
2.
Mung kedadean
saka 4 larik, diarani sapada pala.
3.
Larikane tembang
gedhe diarani pada dirga.
4.
Cacahing wanda
larik padha bae.
5.
Ora migunakake
guru lagu lan dhong dhing.
b. Gunane
tembang gedhe:
1.
Kanggo ngarang
kapustakan jawi.
2.
Kanggo suluk ing
pedhalangan.
3.
Kanggo mbawani
gendhing.
c. Tuladhane
tembang gedhe:
1. Pamularsih
2. Rukmawati
3. Gandha Kusuma
4. Citra Kusuma
5. Citamengeng
6. Kusumastuti
7. Mintajiwa
8. Retnamulya
9. Puskara
B.
Tembang
Tengahan
Tembang Tengahan iku
kaiket ing guru wilangan lan guru lagu utawa dhong-dhing. Tembang Tengahan iku
duwe watak dhewe-dhewe. Ana kang awatak sereng, sengsem, resep, prihatin,
gapyak, lan liya-liyane. Tembang
Tengahan uga diarani tembang macapat kuna.

1.
Basane katulis
basa jawa anyar.
2.
Cacahing wanda
saben larik ora padha.
3.
Wewaton guru
wilangan lan dhong dhing.

1.
Kanggo ngarang
buku kapustakan jawi.
2.
Kanggo tembang
tembang dhagelan.
3.
Kanggo mbawani
gendhing.

1.
Pranasmara
2.
Palugon
3.
Kenya Kedhiri
4.
Juru Demung
5.
Kuswaraga
6.
Kuswarini
7.
Wirangrong
8.
Balabak
9.
Girisa
Watake
Tembang Tengahan
Jenenge
|
Watake
|
1. Jurudemung
2. Wirangrong
3. Balabak
|
Prenesan
Mrabawa
Sembrana parikena
|
C.
Tembang
Macapat
Tembang Macapat iku ana
11. Tembang Macapat kaiket ing guru lagu lan guru wilangan utawa dhong-dhing,
lan uga ngemu watak dhewe-dhewe.
Ø Tandha-tandhane
tembang macapat:
1.
Nganggo
paugeran: guru wilangan, guru lagu, dhong-dhing, guru gatra, pada utawa pupuh.
2.
Basane basa jawa
anyar.
3.
Bias mandheg
dhewe tanpa iringan gendhing.
Ø Gunane
tembang macapat:
1.
Kanggo
kasusastran jaman saiki.
2.
Kanggo mbawani
gendhing.
3.
Kanggo ngarang
kapustakan jawi.
4.
Kanggo lagu
kethoprak lan wayang wong.
5.
Kanggo parikan
lan dhagelan.
Ø Kasusastraan
kang tinemu ing tembang macapat:
1.
Pada yaiku
araning cacahing tembang macapat saben salagu, saka wiwitan tekan pungkasan.
2.
Guru gatra yaiku
jenenge larikan ing tembang macapat, ing tembang gedhe diarani pada dirga.
3.
Guru wilangan
yaiku akehing kecap (ucap) utawa suku tembung saben sagatra (baris).
4.
Guru lagu yaiku
aksara urip (vokal) ing pungkasa ning gatra (baris).
Ø 11 Tembang
Macapat:
1.
Mijil
Watake: Prihatin.
Guru wilangan lan guru lagu: 10i, 6o,
10e, 10i, 6i, 6u.
Guru gatra: 6.
Sasmitaning: Lair.
2.
Durma
Watake: Galak.
Guru wilangan lan guru lagu: 12a, 7i,
6a, 7a, 8i, 5a, 7i.
Guru gatra: 7
Sasmitaning:
Didama-dama/digadang-gadang.
3.
Kinanthi
Watake: Asih
Guru wilangan lan guru lagu: 8u, 8i, 8a,
8i, 8a, 8i.
Guru gatra: 6
Sasmitaning: Menyang endi-endi
dikanthi/diajak.
4.
Sinom
Watake: Ngresepake
Guru wilangan lan guru lagu: 8a, 8i, 8a,
8i, 7i, 8u, 7a, 8i,12a.
Guru gatra: 9
Sasmitaning: Ngancik enom.
5.
Asmaradana
Watake: Gapyak, sengsem, sedhih,
prihatin.
Guru wilangan lan guru lagu: 8i, 8a, 8o,
8a, 7a, 8u, 8a.
Guru gatra: 7.
Sasmitaning: Kasmaran.
6.
Dhandhanggula
Watake:
Ngresepake, luwes, manis, cocog kanggo ngandharake apa bae.
Guru wilangan lan guru lagu: 10i, 10a,
8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a.
Guru gatra:10.
Sasmitaning: Sarwa manis.
7.
Gambuh
Watake: Nggenah-nggenahake.
Guru wilangan lan guru lagu: 7u, 10u,
12i, 8u, 8o.
Guru gatra: 5
Sasmitaning: Manungsa wis sepuh.
8.
Maskumambang
Watake: Ngeres.
Guru wilangan lan guru lagu: 12i, 6a,
8i, 8a.
Guru gatra: 4
Sasmitaning: Mung satitahe.
9.
Megatruh
Watake: Nglangut.
Guru wilangan lan guru lagu: 12u, 8i,
8u, 8i, 8o.
Guru gatra: 5.
Sasmitaning: Sedo/roh sampun tilar.
10.
Pangkur
Watake: Sereng.
Guru wilangan lan guru lagu: 8a, 11i,
8u, 7a, 12u, 8a, 8i.
Guru gatra: 7
Sasmitaning: Jenazahe dipangku lan di
adusi.
11.
Pocung
Watake: Sembrana parikena, gecul(lucu).
Guru wilangan lan guru lagu: 12u, 6a,
8i, 12a.
Guru gatra: 4.
Sasmitaning: Di pocong banjur di kubur.
D.
Tembang
Dolanan
Tembang Dolanan yaiku tembang kang
dinyanyikake lan dibarengi kegiatan.
Tuladha:
· Cublak-cublak suweng
Cublak cublak suweng
Suwenge ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong lera-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir sir pong dhelé gosong
Sir sir pong dhelé gosong
Suwenge ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong lera-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir sir pong dhelé gosong
Sir sir pong dhelé gosong
· Lir ilir
Lir ilir, lir ilir, tanduré wus sumilir
tak ijo royo-royo tak sengguh temantèn anyar
Cah angon, cah angon, pènèkna blimbing kuwi
Lunyu lunyu yo pènèken kanggo mbasuh dodotiro
dodotiro, dodotiro, kumitir bedhah ing pinggir
Dondomana j’rumatana kanggo séba mengko soré
mumpung padhang rembulané, mumpung jembar kalangané.
yo surako surak hiyo.
tak ijo royo-royo tak sengguh temantèn anyar
Cah angon, cah angon, pènèkna blimbing kuwi
Lunyu lunyu yo pènèken kanggo mbasuh dodotiro
dodotiro, dodotiro, kumitir bedhah ing pinggir
Dondomana j’rumatana kanggo séba mengko soré
mumpung padhang rembulané, mumpung jembar kalangané.
yo surako surak hiyo.
· Padhang Bulan
Yo prakanca dolanan ing njaba
Padhang mbulan padhangé kaya rina
Rembulané kang ngawé-awé
Ngélikaké aja turu soré-soré
Padhang mbulan padhangé kaya rina
Rembulané kang ngawé-awé
Ngélikaké aja turu soré-soré
· Gundul Pacul
Gundhul gundhul pacul cul, gembèlengan
nyunggi nyunggi wakul kul, gembèlengan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
nyunggi nyunggi wakul kul, gembèlengan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
· Jaranan
jaranan-jaranan… jarane jaran teji
sing numpak ndara bei
sing ngiring para mantri
jeg jeg nong..jeg jeg gung
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedher
sing numpak ndara bei
sing ngiring para mantri
jeg jeg nong..jeg jeg gung
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedher
· Pitik Tukung
Aku duwe pitik, pitik tukung
saben dina, tak pakani jagung
petok gogok petok petok ngendhog siji
tak teteske,kabeh trondhol dhol dhol
tanpa wulu,megal-megol gol gol gawe guyu
saben dina, tak pakani jagung
petok gogok petok petok ngendhog siji
tak teteske,kabeh trondhol dhol dhol
tanpa wulu,megal-megol gol gol gawe guyu
Maturnuwun
BalasHapus